Selasa, 17 Mei 2011

Aksara Hanacaraka iku sawijining aksara sing kaanggo ing Tanah Jawa lan saubengé kaya ta ing Madura, Bali, Lombok lan uga Tatar Sundha. Aksara Hanacaraka iku uga diarani aksara Jawa nanging sajatiné ukara iki kurang sreg amarga aksara Jawa iku warnané akèh saliyané iku aksara iki ora mung dienggo nulis basa Jawa waé. Aksara iki uga dienggo nulis basa Sangskreta, basa Arab, basa Bali, basa Sundha, basa Madura, basa Sasak lan uga basa Melayu.
Nanging ing artikel iki ukara Hanacaraka lan aksara Jawa dienggo loro-loroné lan yèn ana ukara aksara Jawa sing dirujuk iku aksara Hancaraka.
Aksara Hanacaraka kagolong aksara jinis abugida utawa hibridha antara aksara silabik lan aksara alfabèt. Aksara silabik iki tegesé yèn saben aksara uga nyandhang sawijining swara. Hanacaraka kalebu kulawarga aksara Brahmi sing asalé saka Tanah Hindhustan. Déné wujudé, aksara Hanacaraka anané wis kaya saiki wiwit sa-ora-orané abad kaping 17. Aksara Hanacaraka iki jenengé dijupuk saka limang aksara wiwitané.